PANGAOSAN REBO KLIWON

DOKUMENTASI KEGIATAN PANGRAWON (PANGAOSAN REBO KLIWON)
dening Bopo Kyai Abul Aswad Al Bayaty, B.A. hafidzahullahu ta’ala

Alhamdulillahilladzi bini’matihi tatimush shalihat, wonten ing dinten Rebo Kliwon, 17 Juli 2024 Masjid Jami’ Pesantren Gratis Klaten ngawontenaken pengajian rutin. Kegiatan menika dipunwiwiti Ngangsu Kawruh denng bopo Kyai Abul Aswad Al Bayaty hafidzahullahu ta’ala kanthi irah-irahan ora mambu wangine suwarga. Kegiatan menika dipunrawuhi dening wargi Jebugan, Sekarsuli lan kaum muslimin kiwa lan tengene Pesantren.

Poro Jamaah angsal doorprize dibagi ngagem pitakenan saking Bopo Kyai Abul Aswad. Poro Jamaah midangetaken pengaosan kanthi seksama, sumringah ugi saged nambah ilmu agami. Pangaosan dipuntutup kaliyan dhahar sesarengan menu Sop Ayam lan Teh Jahe Panas.

Jazakumullahu Khayran Poro Dermawan sampun nyengkuyung kegiatan wonten ing Masjid Jami’ Pesantren Gratis Klaten..

Langgengaken Bandha Dunyo Panjenengan,
💳 BSI 5555 07 5555
a.n Masjid Jami’ Pesantren Gratis Klaten

Barakallahu fiikum, saged dipungethok tularaken

Tinggalkan Komentar

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *